SALAM HU SALAM
iki mung bahan renungan pikir :
Sunan Kalijaga :
Wayangku iki wayang innalillahi wa
inna ilaihi roji'un, nanging iki yen ngene iki wong Jawa ora mudheng. Sak
lajengipun Sunan Kalijaga musyawarah kaliyan Sunan Bonang dan Sunan Drajad.
Sunan Drajad ngendhikan :
Sunan Drajad ngendhikan :
Nyuwun sewu Dimas Kalijaga, punika
wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un yen wong Jawa ora mudheng ? Supayane
wong Jawa isa mudheng tak jenengi “Aja Lali Sangkan Paraning Dumadi”.
Lha ben uwong ki ora lali karo sangkan paraning dumadi, tak gaweke tembang (macapat).
Lha ben uwong ki ora lali karo sangkan paraning dumadi, tak gaweke tembang (macapat).
Tembang macapat ki apa? Ben uwong isa slamet kudu isa maca barang papat. Barang papat kuwi apa? Kancane nyawa sing medhun nang donya, manggon ing raga. Sing nang sisih tengen malaikat 2 jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon nang sisih kiwa iblis 2 jenenge Jin Korin. Iki yen wong Jawa ya ra mudheng.
Pramila iki tak jenengi sedulur papat
lima pancer. Yen masalah pancer iki yen awake dewe ora ngerti isa dadi perkara.
Amarga ing wayah pancer iki merlokake samubarang, nggunakake kekuwatan sing
tengen isa, nganggo kekuwatan sing kiwa uga isa.
Kayata, wong lanang kang nembe
nandhang wuyung mring wong wadhon, arep nggunakake kekuwatan sing tengen iso,
carane pasa 3 dina sing diwaca Ya Rohman Ya Rohim. Sesuk mesti wong wadhone
ngomong “I love yau”. Nggunakake kekuwatan sing kiwa uga isa, carane puasa
ngebleng 3 dina sing diwaca sun amantek aji, ajiku si jaran goyang. Ya
padha-padha isa. Dadi padha-padha kelakone.
Dadi yen kyai sing tirakate kuwat ya
padhang, dukun sing ora tau adus yen tirakate kuat ya padhang. Dadi padha-padha
padhange, nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu, takon dukun sing ra tau
adus ya ketemu. Mung bedhane sing siji (tengen) kaya padhange lampu, sing
sijine (kiwa) kaya padange omah kobong. Nggoleki pitik bengi-bengi nggawa lampu
senter ya ketemu, nggawa blarak sing di gendel di obong ya ketemu.Lampune
senter wutuh, blarake kobong entek.
Ya wis yen ngono Dimas Kalijaga, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kanti di kapati,di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.
Ya wis yen ngono Dimas Kalijaga, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyawa nang alam donya kanti di kapati,di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.
(MASKUMAMBANG) medhune nyawa nang
alam donya kok mlebu nang ragane ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi
tembang (MIJIL)
(MIJIL): tegese bocah lahir rupa
lanang rupa wedhok. yen lanang wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi di
sahadahke ting Gusti ALLOH. Sakwuse (MIJIL) tembange (KINANTI)
(KINANTI): bocah cilik2 kuwi (Kinanti) kudu di kanti ahklaq di kanti agama. Mulakne kaya NU gawe TPA, TPQ, Roudhotu Atfal iku kanggo nrima kinanti2 iku. (Kinanti) cilik-cilik kok ora di ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak mleset. Amarga menungsa arep mlebu tembang (SINOM)
(SINOM): bocah bakal dadi enom. Bocah yen enom ndablek, angel diwulang. Sakwuse kuwi tembange (ASMORODONO)

(ASMORODONO): bocah yen atine wis ke
taman asmara, wis wiwit “jatuh cinta”, ora isa diajari. Wong tai kucing wae
jarene rasa coklat. Bubar kuwi tembange (GAMBUH)
(GAMBUH): tempuk bocah lanang wadhon
mbangun omah-omah. Diterusne tembange (DANDANG GULA)
(DANDANG GULA): dandang pahit, gua
legi, yen entuk bojo pinter golek duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e
legi kaya gulo. Nanging yen entuk bojo kok gaweane ming tayuban, anane ming
ngramal togel, bali2 nggablok, kuwi entuk'e pahit kaya dandang. Dadi wis bisa
ngrasakne pahit legine urip. Diteruske tembang (DURMO)
(DURMO): wayahe darmakne raja brana,
ilmu, khoirun nass anfa'uhum linnas. Banjur tembange (PANGKUR)
(PANGKUR): menungsa ngerti-ngerti mungkur seko donya. Paramila yen ndang mungkur golek dalan sing bener, mlebu masjid, nggolek ulama' sakdurunge kesusul tembang (MEGATRUH)
(PANGKUR): menungsa ngerti-ngerti mungkur seko donya. Paramila yen ndang mungkur golek dalan sing bener, mlebu masjid, nggolek ulama' sakdurunge kesusul tembang (MEGATRUH)
(MEGATRUH): copot raga sak sukmane.
Paling keri tembange (PUCUNG)
(PUCUNG): menungsa ming di pocong
sluku-sluku batok. Yen wis di pocong terus di lebokke nang lawang ciut.
Mula di jenengi BUYUT kuwi tegese
siap2 mlebu lawang ciut. Yen wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat Munkar
Nakir. Yen lali karo (SANGKAN PARANING DUMADI) nalika di takoni malaikat koko
ra isa mangsuli, ya langsung di canggah karo malaikate. Dadi wareng wedi ndelok
akherat, di udhek-udek nang neraka, di gantung kaya siwur, dithuthuki modal
madil kaya tarangan bodol, ajur mumur kaya gedebhok bosok.
Dadi pangkate anak, bapak, simbah,
buyut, canggah, wareng, udhek-udhek, gantung siwur, tarangan bodol, gedebok
bosok. Iki lho piwulange para ulama mbiyen. Piwulang nganggo cara sing “luar
biasa”.
Dadi wong Jawa malah padha mudheng,
padha guyup rukun, ora malah padha padu pinter-pinteran dalil lan hadist.

Post a Comment Blogger Facebook